Radira |

Sifat Dewa Hasta Brata dalam Bahasa Jawa

1. Batara Wisnu : watak pratala atau bumi utawa lemah (Tanah); tansah adedana lan karem paring bebungah marang kawula.

2. Batara Bayu : watak maruta utawa angin (Udara yang bergerak); teliti setiti ngati-ati, dhemen amariksa tumindake punggawa kanthi cara alus.

3. Batara Baruna : watak tirta atau banyu utawa samodra (Air); tansah paring pangapura, adil paramarta. Basa angenaki krama tumraping kawula.

4. Batari Ratih : watak candra utawa rembulan (Bulan); noraga met prana, sareh sumeh ing netya, alusing budi jatmika, prabawa sreping bawana.

5. Batara Surya : watak surya utawa srengenge (Matahari); sareh sabareng karsa, rereh ririh ing pangarah.

6. Batara Indra : watak mendhung atau mendhung (Awan hujan); bener sajroning paring ganjaran, jejeg lan adil paring paukuman.

7. Batara Brama : watak dahana atau geni atau latu (Api); dhemen reresik regeding bawana, kang arungkut kababadan, kang apateng pinadhangan.

8.Batara Kartika : watak sudama atau lintang (Bintang); lana susila santosa, pengkuh lan kengguh andriya. Nora lerenging ngubaya, datan lemeren ing karsa. Pitayan tan samudana, setya tuhu ing wacana, asring umasung wasita. Sabda pandhita ratu tan kena wola wali.

Lihat lebih lengkap di sini

Post a Comment

Rules For Comments
- Must be polite
- Have any relation to the post
- No SARA!
- No Spamming

Thank you :)